surat kaping 97 ing Al Qur'an From Wikipedia, the free encyclopedia
Surat Al Qadr (basa Arab:الْقَدْرِ) yaiku surat kaping 97 sajeroning al-Qur'an kang dumadi saka 5 ayat lan éwoning surat Makkiyah. Surat iki mudhun sawisé surat 'Abasa lan dijenengi Al Qadr (Kamulyan) kang kajupuk saka tembung Al Qadr kang ana ing ayat pisanan surta iki.
al-Qadr | |
---|---|
| |
Informasi | |
Makna | Kamulyan |
Nami sanès | Inna Anzalnahu[1] |
Klasifikasi | Makkiyah |
Surat ka | 97 |
Juz | Juz 30 |
Statistik | |
Gunggung ruku' | 1 ruku' |
Gunggung ayat | 5 ayat |
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Kuran wiwit mudhun ing wengi Lailatul Qadr, kang padha karo sewu sasi. Sajeroning Islam dijelasake yèn ing wengi iki malaékat Jibril lan liyané mudhun ing donya kanggo ngatur sakabehing urusan. Ing surat al-Qadr diandharake yèn nalika pisanan mudhune al-Qur'an yaiku nalika wengi Lailatul Qadr lan uga diandharake dhuwure derajat wengi iki.
Surat Al Qadr nerangaké bab wiwitan Kuran diudhunaké, déné Surat Al-Baiyinah nerangaké salah siji sebab Allah mudhunaké Kuran.
بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ : Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah lan ugi Maha Asih.
بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ : Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah lan ugi Maha Asih.
إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ 97:1]] Sakbeneré Kita wis mudhunaké (Al-Quran) ing wengi kamulyan.
وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ [97.2] Lan apa kowé ngerti apa wengi kamulyan iku?
لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ [97.3] Wengi kamulyan iku luwih becik saka sèwu sasi.
تَنَزَّلُ الْمَلائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ [97.4] Ing wengi iku mudhun malaékat-malaékat lan malaékat Jibril kanthi idin Tuhan kanggo nata kabèh urusan.
سَلامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ [97.5] Wengi iku (kebak) kasajahtran nganti tekan pajar.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.