![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/89/Sulaymaniyah_City_Collage.png/640px-Sulaymaniyah_City_Collage.png&w=640&q=50)
Silêmanî
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sulaymaniyah (Kurdhi: سلێمانی, Silêmanî; Arab: السليمانية, as-Sulaymāniyyah), uga karan Slemani, iku sawijining kutha ing Kurdhistan Irak. Sulaymaniyah dikupengi déning Pagunungan Azmer, Pagunungan Goyija, lan Pagunungan Qaiwan ing iring lor-wétan, Pagunungan Baranan ing iring kidul, lan Punthuk Tasluja ing iring kulon. Ing mangsa panas, kutha iki iklimé garing tur nemen panasé. Ing mangsa salju, iklimé adhem tur teles. Sulaymaniyah minangka kutha krajané prinsipalitas Baban Kurdhi kawit taun 1784 nganti 1850.
Sulaymaniyah سلێمانی Slêmanî السليمانية | |
---|---|
![]() Sesawangané kutha Sulaymaniyah | |
Koordhinat: 35°33′26″N 45°26′08″E | |
Nagara | ![]() |
Kagubernuran | Kagubernuran Sulaymaniyah |
Pamaréntahan | |
• Jinis | Council-manager |
• Gubernur | Haval Abobakir [1] |
Élepasi | 882 m (2.895 ft) |
Cacah warga (2016) | |
• Gunggung | 656,100[2] |
Zona wektu | UTC+3 (UTC+3) |
Situs wèb | http://www.sharawani.com |
Kutha Sulaymaniyah sing modhèren diyasa tanggal 14 Novèmber 1784 déning pangéran Turki-Osmani nama Ibrahim Pasha Baban. Kutha iku dijenengi padha kaya jeneng bapaké Ibrahim Pasha Baban, ya iku Sulaiman Pasha.[3]
Kawit diyasa, Sulaymaniyah kaloka minangka punjering para juru gurit, juru anggit, ahli sajarah, ahli pulitik, winasis, lan juru nyanyi. Wong-wong sing kondhang saka Sulaymaniyah kaya ta Nalî, Mahwi, lan Piramerd.[4][5]