![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d9/Wakatobi_beach_2006.jpg/640px-Wakatobi_beach_2006.jpg&w=640&q=50)
Sulawesi Kidul Wétan
provinsi ing Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Provinsi Sulawesi Kidul-wétan (basa Indonésia: Provinsi Sulawesi Tenggara), iku katata sajeroning 10 kabupatèn lan 2 kutha. Kutha krajané yaiku Kutha Kendhari. Provinsi Sulawesi Kidul-wétan dumunung ing di Jazirah Kidul-wétan Pulo Sulawesi, kanthi géografis dumunung ing pérangan kidul garis khatulistiwa antarané 02°45' - 06°15' Lintang Kidul lan 120°45' - 124°30' Bujur Wétan sarta duwé wewengkon dharatan sing jembaré 38.140 km² (3.814.000 ha) lan tlatah banyu (sagara) sing jembaré 110.000 km² (11.000.000 ha). Sulawesi Kidul-wétan wiwitané wujud salah siji kabupatèn ing Provinsi Sulawesi Kidul Kidul-wétan kanthi Kutha Bau-Bau minangka kutha krajan kabupatèn. Sulawesi Kidul-wétan dikukuhaké dadi Laladan Otonom miturut Perpu No. 2 taun 1964 Juncto UU No. 13 Tahun 1964. Wiwitané nung dumadi saka 4 (papat) kabupatèn, yaiku: Kabupatèn Kendari, Kabupatèn Kolaka, Kabupatèn Muna lan Kabupatèn Buton kanthi Bau-bau minangka kutha krajan provinsi. Nanging, sabanjuré Kendari dadi kutha krajan Provinsi iki. Sawisé pamekaran, Sulawesi Kidul-wétan duwé 10 kabupatèn lan 2 kutha.
| |||
Sesanti: "---" | |||
Péta Sulawesi Kidul-Wétan ing Indonésia | |||
Dina Dadi: | --- | ||
Kutha krajan: | Kutha Kendari | ||
Gubernur: | Ali Mazi | ||
Jembar - Total: |
37.127,87 km² | ||
Laladan Tk. II - Cacah: |
10 Kabupatèn lan 2 Kutha otonom | ||
Padunung - Total: - Kapadhetan: |
+/- 1.881.512 jiwa (2003) +/- --- / km² | ||
Suku bangsa: | Wong Tolaki, Wong Buton, Wong Muna lan liyané | ||
Agama: | Islam, Protèstan, Katulik lan liyané | ||
Basa: | basa Indonésia lan liyané | ||
Zona Wektu: | (WITA) |
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d9/Wakatobi_beach_2006.jpg/640px-Wakatobi_beach_2006.jpg)