From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Mandailing minangka nama salah satunggaling suku bangsa ingkang papan dunungipun ing Kabupatèn Mandailing Natal, Kabupatèn Padang Lawas, Kabupatèn Padang Lawas Lor, lan sapérangan ing Kabupatèn Tapanuli Kidul, Sumatra Lor. Sapérangan pihak ngandharaken bilih Mandailing minangka péranganing Suku Batak.[3] Nanging pihak sanèsipun gadhah pamanggih bilih Mandailing minangka golongan masarakat ingkang bènten. Bab punika katingal saking bedanipun sistem sosial, asal usul, lan kapitadosan.[4]
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(1.700.000 jiwa (Sensus 2010)[1]) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Sumatra Lor | 1.035.000 |
Sumatra Barat | 214.000 |
Riau | 210.000 |
Jakarta | 80.000 |
Malaysia | 30.000[2] |
Basa | |
MandailingMinangkabauMalayu | |
Agama | |
KristenIslamParmalimAnimisme | |
Golongan ètnik magepokan | |
Suku MinangkabauSuku MalayuSuku BatakSuku SimalungunSuku PakpakSuku AngkolaSuku AlasSuku Gayo |
Ing masarakat Minangkabau, Mandailing utawi Mandahiliang dados salah satunggaling nama suku ingkang wopnten ing masarakat mau.[4]
Mandailing utawi Mandahiling dipunprakirakaken asal saking tembung "Mandala" lan Holing, ingkang ateges sawijining wewengkon Karajan Kalinga. Karajan India mau dipunprakirakaken sampun damel sawijining golongan wiwit abad angka 12, ingkang dumunung saking laladan Portibi dumugi Pidoli.[5] Wonten ing Basa Minangkabau, Mandailing gadhah teges minangka mande hilang ingkang ateges "ibu ingkang ical". Amargi makaten wonten ugi pamanggih ingkang ngandharaken bilih masarakat Mandailing asalipun saking Karajan Pagaruyung ing Minangkabau.[6]
Adat istiadat suku Mandailing dipunatur wonten ing Surat Tumbaga Holing (Serat Tembaga Kalinga), ingkang pesthi dipunwaosaken ing saben upacara-upacara adat. Tiyang Mandailing ngenal tulisan ingkang dipunsebat Aksara Tulak-Tulak, ingkang minangka wujud sanès saking aksara Proto-Sumatera, ingkang asalipun saking aksara Pallawa, bentukipun boten bènten sanget kaliyan Aksara Minangkabau, Aksara Rencong saking Acèh, Aksara Sunda Kuna, lan Aksara Nusantara sanèsipun. Ewadene Suku Mandailing gadhah aksara ingkang dipunsukani nama aksara tulak-tulak lan dipun-ginakaken saperlu nyerat ing kitab-kitab kuna ingkang dipunsebut pustaha (pustaka). Nanging awrat sanget manggihaken cathetan sajarah ingkang gegayutan kaliyan Mandailing sadèrèngipun abad angka 19. Umumipun pustaangka pustaka punika wosipun ngemu babagan cathetan usada tradhisional, ngèlmu-ngèlmu gaib, ramalan-ramalan babagan wekdal ingkang becik lan ala, sarta ramalan impen.[3]
Suku Mandailing piyambak ngenal paham kekerabatan, inggih patrilineal punapa déné matrilineal. Wonten ing sistem patrilineal, tiyang Mandailing ngenal marga. Wonten ing Mandailing namung kaloka welasan marga kemawon, antawisipun inggih punika Lubis, Nasution, Harahap, Pulungan, Batubara, Parinduri, Lintang, Hasibuan, Rambe, Dalimunthe, Rangkuti, Tanjung, Mardia, Daulay, Matondang, lan Hutasuhut.[4]
Marga-marga ing Mandailing Julu lan Pakantan, kados ta: Lubis ingkang kapérang dados Lubis Huta Nopan lan Lubis Singa Soro, Nasution, Parinduri, Batu Bara, Matondang, Daulay, Nai Monte, Hasibuan, Pulungan.Wonten ing Mandailing Godang: Nasution ingkang kapérang dados Nasution Panyabungan, Tambangan, Borotan, Lancat, Jior, Tonga, Dolok, Maga, Pidoli, lan sanès-sanèsipun. Lubis, Hasibuan, Harahap, Batu Bara, Matondang (keturunan Hasibuan), Rangkuti, Mardia, Parinduri, Batu na Bolon, Pulungan, Rambe, Mangintir, Nai Monte, Panggabean, Tangga Ambeng, lan Margara.[4]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.