Spéléologi iku ngèlmu kanggo nyinau guwa-guwa lan fitur-fitur karst liyané. Ya iku ngèlmu iki nyinau wanguné, strukturé, sipat-sipat fisiké, sajarah, kaanékaragaman hayatiné lan prosès dumadiné guwa. Tembung spéléologi iku uga bisa ngrujuk marang aktivitas panglipuran utawa wektu turah kanggo ngumbarani guwa-guwa. Nanging sajatiné aktivitas iki ing basa Inggris diarani mawa tembung caving.

Thumb
Guwa des Faux-Monnayeurs, Mouthiers-Haute-Pierre (Prancis)

Étimologi

Tembung spéléologi dijupuk saka basa Yunani σπήλαιον (spelaion) + -λογία (logia) utawa λόγος (logos). Spelaion iku tegesé guwa, lan logos iku ngèlmu, dadi spéléologi iku ngèlmu kaguwan.

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.