![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f2/Sergio_Ag%25C3%25BCero_2018.jpg/640px-Sergio_Ag%25C3%25BCero_2018.jpg&w=640&q=50)
Sergio Agüero
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sergio Leonel "Kun" Agüero del Castillo (lair ing Quilmes, 2 Juni 1988; umur 36 taun) ya iku juru main bal-balan sing nduwé kebangsaan Argentina sing main minangka penyerang kanggo Manchester City ing Liga Primer Inggris lan Argentina.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
![]() | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Sergio Leonel Agüero del Castillo[1] | ||
Dhuwur | 1.73 m (5 ft 8 in)[2] | ||
Posisi main | Penyerang | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Manchester City | ||
Angka | 16 | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2003–2006 | Independiente | 53 | (23) |
2006-2011 | Atletico Madrid | 175 | (74) |
2011-saiki | Manchester City | 27 | (17) |
Tim nasional‡ | |||
2005–2007 | Argentina U-20 | 7 | (6) |
2008 | Argentina U-23 | 5 | (2) |
2006–saiki | Argentina | 33 | (14) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 22.00, 21 Maret 2012 (UTC). |
Agüero main kanggo Independiente wiwit taun 2003 tekan taun 2006. Panjenengané banjur gabung karo Atletico Madrid tekan taun 2011. Ing wulan Juli 2011, Agüero gabung ing Manchester City kanthi nandatangani kontrak sing durasiné limang taun.[3]
Agüero sing duwé jelukan akrab Kun iki, bareng Lionel Messi dianggep publik donya minangka titisan saka Diego Maradona. Jenengé sangsaya kethok nalika nggawa timnas Argentina U-20 minangka juara Piala Donya FIFA U-20 20075 lan Piala Dunia FIFA U-20 2007. Prestasi mau nggawé jengengé lumebu ing njero skuat Argentina.
Agüero nyetak rekor minangka juru main bal-balan paling enom ing sajarah Primera División Argentina nalika main ing Independiente nglawan San Lorenzo ing umur 15 taun 35 dina tanggal 7 Juli 2003.[4]
Agüero minangka "mantu" saka Diego Maradona, sawisé panjenengané dadi pacare Giannina Maradona, putri paling enom Maradona wiwit pungkasan taun 2007 lan duwé siji putra jenengé Benjamin, sing lair nalika taun 2009[5] saka pacaré mau.