Serat Kalatidha
karya sastra anggitané Rangga Warsita / From Wikipedia, the free encyclopedia
Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. Isiné prakara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu prakara kang kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha iku salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, mligi kalangan tuwa kang isih apal paling ora sapada tembang iki, yaiku pada kapitu.