From Wikipedia, the free encyclopedia
Pit Montor ya iku kendharaan rodha loro kang bisane lumaku ngganggo dayane mesin. Diarani pit montor amarga pancen mulabukane duwé wujud kaya déné pit kang dipasangi mesin. Pabrik pit montor Honda minangka panguwasane pasar pit montor ing Indonésia, sahengga ing karang padésan pit montor uga karan honda.
Ing nagara Indonésia, pit montor wis umum digunakaké amarga regane kang saya murah, playune bisa banter lan uga rosa, rumatane gampang, lan bisa digunakaké ing samubarang papan sanajan dalane èlèk, mblekuk, nanjak utnawa mung ujud plipiran. Ing kutha, wargane uga seneng nganggo pit montor amarga nalikane dalan macet, pit montor bisa nlusup ing sela-selane mobil, trek, bis lan kendharaan liyané.
Lumrahé, pit montor migunakaké bènsin minangka bahan bakare.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.