![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9f/L-Hochrad.png/640px-L-Hochrad.png&w=640&q=50)
Pit
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pit ꧌ꦥꦶꦠ꧀꧍, sepédhah ꧌ꦱꦼꦥꦺꦝꦃ꧍, utawa padayantra ꧌ꦥꦢꦪꦤ꧀ꦠꦿ꧍ iku siji piranti transportasi manungsa kang diobahaké mawa dayaning manungsa dhéwé. Pit modhèren wujudé wujud rodha loro kang digabungaké mawa siji ragangan lan bisa ditumpaki manungsa. Banjur ing sadhuwuring ragangan iki ana palungguhané kang diarani sadhel. Lan kanggo ngobahaké pit, ing ngisor ana onthèlané kang diarani pédhal. Pédhal iki lumrahé disambungaké mawa ranté ing roda mburi. Banjur kanggo ngarahaké pit, ana setiré kang lumrahé diarani setang.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/9f/L-Hochrad.png/640px-L-Hochrad.png)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/96/Hardtail-mountain-bike.jpg/640px-Hardtail-mountain-bike.jpg)
Ragangan pit lumrahé digawé saka logam kaya ta wesi utawa aluminium. Nanging jaman saiki uga ana kang digawé saka bahan liya kaya ta plastik lan serat kaca (fiberglass).
Pit diciptakaké ing abad kaping 19 ing Jerman, Éropah déning Karl von Drais. Jaman saiki ing abad kaping 21, pit isih akèh dienggo mligi ing Walanda lan Cina.
Pit bisa minangka piranti transportasi. Nganggo pit luwih nguntungake, sebab ora mbutuhake bahan bakar lan bisa ngurangi polusi.