Gegaman nuklir iku gegaman sing éntuk tenaga saka reaksi nuklir lan duwé daya pamusnah sing ngédab-édabi - siji bom nuklir bisa musnahaké siji kutha. Gegaman nuklir wis digunakaké mung kaping pindho sajeroning peperangan - samangsa Perang Donya II déning Amérika Sarékat marang kutha-kutha Jepang, Hiroshima lan Nagasaki. Ing wektu iku daya jeblugan bom nuklir sing ditibakké ing Hiroshima lan Nagasaki gedhéné 20 kilo(ewon) ton TNT. Kamangka bom nuklir saiki duwé daya jeblug punjul 70 mega(yutan) ton TNT

Thumb
Awan cendawan pangeboman Nagasaki, Jepang, 1945, munggah dhuwur tekan 18 km sandhuwuré hiposentrum.

Nagara pamilik gegaman nuklir sing dikonfirmasi ya iku Amérika Sarékat, Ruslan, Britania Raya (Inggris), Prancis, Républik Rakyat Cina, India, Koréa Lor lan Pakistan. Saliyané iku, nagara Israèl dipercaya duwé gegaman nuklir, sanajan ora diuji lan Israèl ora gelem ngonfirmasi yèn duwé gegaman nuklir utawa ora. Delengen pratélan nagara mawa gegaman nuklir luwih lanjut.

Thumb
Wangun bom nuklir sing ditibakké ing Hiroshima lan Nagasaki

Gegaman nuklir saiki bisa diluncuraké liwat manéka cara, kaya ta liwat montor mabur pangebom, pluru kendhali, pluru kendhali balistik, lan pluru kendhali balistik let bawana.

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.