selat antarané pulo Jawa lan Sumatra From Wikipedia, the free encyclopedia
Selat Sundha iku sawijining selat sing ngubungaké Pulo Jawa lan Sumatra ing Indonésia, sarta ngubungaké Sagara Jawa karo Samodra Hindhia. Ing titik paling ciut, jembaré selat Sundha mung watara 30 km. Sawetara pulo cilik dumunung ana ing selat iki, antarané pulo vulkanik Krakatau.
Minangka salah siji saka loro lintasan utama saka Sagara Cina Selatan tumuju Samodra Hindhia (sijiné manèh ya iku Selat Malaka), Selat Sundha minangka jalur lelayaran wigati. Sanadyan bebaya kaya déné ciuté selat lan watu karang, dawané Selat Sundha luwih cendhak tinimbang Selat Malaka saéngga kapal sing layar ing selat iki luwih aman saka serangan bajak laut.
Ing wiwitan taun 1942, ing selat Sundha kadadéan pertempuran antara wadyabala Jepang sing dipanggedhèni déning Laksamana Muda Kenzaburo Hara sing ngaramaké cruiser Sakuthu USS Houston lan HMAS Perth nalika kaloro kapal mau nyoba ngadhang pendharatan wadyabala Jepang ing Pulo Jawa.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.