Sajeroning anatomi manungsa, balung walikat utawa scapula iku balung sing ngubungaké humerus (balung lengen ndhuwur) lan clavicula (balung selangka).
Ikhtisar
Scapula mbentuk pérangan posterior saka gelang bahu. Awangun pipih lan wajik. Sacara anatomis, duwé loro praèn (lumah) (fascia), 3 pinggir (margo), lan 3 pojok (angulus).
Ing pérangan anterior, ana fossa (alur) subscapularis, yakuwi papan nèmpèlé otot subscapularis.
Pérangan lumah posterior dipérang déning spina scapula dadi fossa suprapinosus lan fossa infraspinosus. Ing manungsa lan sawatara karnivora, ing ujung spina scapula ana pérangan acromion. Pérangan khas liyané ya iku processus coracoideus yakuwi tonjolan sing asal saka pérangan utama scapula dhéwé (dudu spina). Ujung saka processus iki ditèmpèli déning akèh otot kaya otot coracobrachialis.
Ing sacedhaké pérangan ngisor processus coracoideus ana angulus lateralis, lan siji pérangan kaya cekungan sing diarani cavitas glenoidales. Ing cavitas iki papan nèmpèlé bonggol kepala saka humerus.
Panèmpèlan
Otot-otot sing nèmpèl ing scapula:
- Otot pectoralis minor
- Otot coracobrachialis
- Otot serratus anterior
- Otot triceps brachii (caput longus)
- Otot biceps brachii
- Otot subscapularis
- Otot rhomboideus major
- Otot rhomboideus minor
- Otot levator scapulae
- Otot trapezius
- Otot deltoideus
- Otot supraspinatus
- Otot infraspinatus
- Otot teres minor
- Otot teres major
- Otot latissimus dorsi (sethithik)
- Otot omohyoideus
Uga delengen
Wikiwand in your browser!
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.