Santanu (Sangskreta: सांतनु; Śāṇtanu) iku paraga protagonis sajeroning wiracarita Mahabharata. Santanu iku putra Raja Pratipa saka trah Candrawangsa, katurunan Maharaja Kuru, sing duwé tegal Kurukshetra, dumungé ing tlatah India Lor. Prabu Santanu iku ramané Bisma lan kanthi legal, kakèk saka Pandhu lan Dretarastra. Santanu maréntah ing Hastinapura, kutha krajan sisan pusat papréntahan para katurunan Kuru, ing Karajan Kuru.
Mangsa timur
Prabu Santanu iku putra saka pasangan Prabu Pratipa patutan karo Dewi Sumanda, katurunan Raja Kuru, sing nurunaké kulawarga para Pandhawa lan Kurawa. Santanu asal saka tembung çanta sing tegesé tenang, sebab Prabu Pratipa sajeroning kaanan tenang nalika putrané lair. Prabu Santanu iku bagus banget, pinter olah gegaman, lan seneng bebedag ing alas. Nalika ramané arep lèngsèr keprabon, kangmasé, Dewapi lan Bahlika nulak marisi tahta.Dewapi mutusaké arep urip minangka pertapa kanggo nemu kedamaian, sauntara iku Bahlika mutusaké lunga ngumbara menyang India Kulon. Mula saka iku, Santanu banjur nggantèkaké posisi ramané, Prabu Pratipa,dadi raja ing Hastinapura.
Uga delengen
- Silsilah Pandhawa lan Kurawa
Rujukan
- Adiparwa, buku pisanan saka sèri Astadasaparwa kitab Mahābhārata.
Pranala njaba
Kang sadurungé Pratipa |
Dinasti Kuru Raja Hastinapura |
Kang sawisé Citrānggada |
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa | |
---|---|
Para paraga | |
Dinasti Kuru | Paraga liya |
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā | Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha |
Topik kagandhèng | |
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata | Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa |
Cithakan:Tokoh mitologi hindu
Wikiwand in your browser!
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.