San Francisco (jeneng resmi sajeroning basa Inggris: City and County of San Francisco) iku kutha gedhé dhéwé kapapat ing praja California, Amérika Sarékat saka cacahing kang ndunungi. Kutha iki dumunung ing pucuk lor Ujung San Francisco kang mbentuk Lempongan San Francisco. Berkeley lan Oakland ana ing sebrang lempongan iku.

Thumb
Sesawangan San Francisco.

San Francisco [1] kang ndunungi watara 799.263 jiwa (2000). Kapadhetan kang ndunungi gedhé dhéwé kaloro ing Amérika Sarékat sawisé New York City. Pemukim Éropa pisanan ing kutha iki ya iku bangsa Spanyol kang teka ing taun 1776. Kutha iki tuwuh ngrembaka wiwit taun 1848 amarga prastawa gold rush (kira-kira tegesé prastawa "banjir emas" kang njalari tekané akèh wong anyar). San Francisco naté ajur wektu kadadéan lindhu San Francisco ing taun 1906, nanging diyasa manèh kanthi rikat. Kreteg Golden Gate kang misuwur ngubungaké kutha iki karo Marine County.

Manèka rupa San Francisco

Séni lan Budaya

Séni lan budaya ana ing kutha ika padha sétitik karo kutha sanesé ing nagara bagèan California.

Cathetan suku

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.