![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/8e/Saffron_salonik.jpg/640px-Saffron_salonik.jpg&w=640&q=50)
Kumkuma
bumbu kang dipikolèh saka kembang wit kumkuma (Crocus sativus) / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kumkuma (saka basa Sangsekerta: कुङ्कुम; Latin: kuṅkuma) iku bumbu kang dipikolèh saka kembang wit kumkuma (Crocus sativus). Kumkuma racaké digaringaké kanggo didadèkaké bumbu lan pawarna panganan. Kumkuma wis suwé dadi bumbu kang larang dhéwé ing sadonya.[1][2][3] Sanajan durung pesthi,[4] diprecaya asaling wit kumkuma saka Iran.[5] Mangkonoa, Yunani lan Mésopotamia uga dinuga minangka papan asaling wit iki: Harold McGee[6] kandha yèn wit kumkuma dipomahaké ing Yunani utawa ing sacedhaké nalika Jaman Prunggu. C. sativus bokmanawa minangka wujud triploid saka Crocus cartwrightianus, kang uga diparabi "kumkuma alas".[7][8][9] Kembang kumkuma alon-alon sumebar ing saindenging Éurasia lan banjur digawa menyang manéka laladan ing Afrika Lor, Amérika Lor, lan Oséania .
![premium saffron](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/8e/Saffron_salonik.jpg/640px-Saffron_salonik.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/17/Saffron8.jpg/640px-Saffron8.jpg)
Rasa lan gandaning kumkuma kang kaya damèn asal saka fitokimia aran pikrokrosin lan safranal.[10][11] Kumkuma uga ngemu pigmèn karoténoid aran krosin, kang mènèhi warna kuning emas marang panganan lan jarit. Cathetan sajarah kang nulisaké kumkuma ana ing layang tetanèn Asiria saka abad angka 7 SM[12] lan wis didagangaké sarta dianggo éwonan taun. Ing abad angka 21, Iran ngasilake udakara 90% saka gunggung kumkuma sadonya kanthi mutu kang apik dhéwé.[13][14] Mawa rega USD 5.000 watara sakilogramé, kumkuma dadi bumbu kang larang dhéwé ing sadonya.[15]