![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/34/Segolene_Royal_Arcueil_18_septembre_2010_6.jpg/640px-Segolene_Royal_Arcueil_18_septembre_2010_6.jpg&w=640&q=50)
Ségolène Royal
From Wikipedia, the free encyclopedia
Marie Ségolène Royal (lair ing Dakar, Senegal, 22 Sèptèmber 1953; umur 70 taun) yaiku pulitikus saka Prancis.[1] Royal yaiku présidhèn wewengkon Poitou-Charentes, anggota Dewan Nasional Prancis, lan anggota saka Parté Sosialis.[1] Nalika tanggal 16 November 2006 anggota-anggota Partae Sosialis milih Royal kanggo dadi kandidate ana ing pemilihan présidhèn taun 2007.[1] Pencalonane Royal diperkuat kanthi ngajak mantan mahamantri Lionel Jospin, mantan Mantri Perdagangan Dominique Strauss-Kahn, lan mantan mahamantri Laurent Fabius.[1] Iki dilakukokake kanggo nguataké posisiné nalika ngrebutake kursi pimpinan paling dhuwur ing Perancis.[1] Sawisé ana ing masa kampanye kang ketat, Royal dianggep kalah panjurung saka kandidat utama yaiku Nicolas Sarkozy.[1] Ana ing jajak penemu, Royal kalah saka Sarkozy.[1] Kampanyene terguncang nalika ketua kebijakan ékonomi parté Eric Besson ngundurke diri lan mbalekake kartu keanggotaan partaene.[1] Eric mundur amarga alesan ora bisa njurung perilaku Royal nalika njalanake kampanye.[1] Katelu tokoh sosialis kang gabung karo Royal iku diperkirakake bisa ngabungake partae kanggo njurung calon siji.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/34/Segolene_Royal_Arcueil_18_septembre_2010_6.jpg/320px-Segolene_Royal_Arcueil_18_septembre_2010_6.jpg)