![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/0d/Bourdais.jpg/640px-Bourdais.jpg&w=640&q=50)
Sébastien Bourdais
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sébastien Olivier Bourdais[1] (lair ing Le Mans, Prancis, 28 Fèbruari 1979; umur 45 taun) inggih punika satunggaling mantan pembalap Formula 1 asal Perancis. piyambakipun naté kagabung kaliyan tim Scuderia Toro Rosso saking Australia 2008 dumugi Jerman 2009. Bourdais piyambak minangka pembalap paling suksès wonten ing sajarah ing ajang Champ Car, kanthi cathetan prèstasi menangaken sekawan gelar juara donya Champ Car saking taun 2004 dumugi taun 2007, lan ugi dados juara pungkasan ajang Champ Car sadèrèng ajang balapan mau manunggal kaliyan IndyCar Series ing taun 2008.
Sébastien Bourdais | |
---|---|
![]() Bourdais taun 2007 | |
Lair | (1979-02-28) 28 Fèbruari 1979 (umur 45)![]() |
Sejarah karier dalam ajang Formula Satu | |
Kewarganegaraan | ![]() |
Taun aktif | Cithakan:F1–Cithakan:F1 |
Tim | Scuderia Toro Rosso |
Jumlah lomba | 27 |
Juara dunya | 0 |
Menang | 0 |
Podium | 0 |
Total poin | 6 |
Posisi pole | 0 |
Lap tercepat | 0 |
Balapan Kapisanan | Grand Prix Ostrali 2008 |
Balapan Pungkasan | Grand Prix Jerman 2009 |
Klasemen 2009 | P19 (2 pts) |
Sapunika Bourdais balapan wonten ing Seri Le Mans sesarengan tim Peugeot Sport. Piyambakipun wangsul ugi dhateng ajang IndyCar kanthi dados pembalap paruh wekdal kanggé tim Lotus-Dragon Racing kanthi spesialisasi kanggé mandhap ing trèk-trèk kanthi karakter sirkuit jalanan (non-oval).[2]