From Wikipedia, the free encyclopedia
Sèrbi utawa resminé Républik Sèrbi (Serbiyan: Република Србија utawa Républika Srbija) yaiku nagara républik ing kidul-wétan lan tengah Éropa. Serbiya wewatesan karo nagara Honggari ing sisih lor; Rumeni lan Bulgari ing sisih wétan; Républik Makedonia lan Albania ing sisih kidul; lan Gununghireng, Kroasia, lan Bosnia-Hercegovina ing sisih kulon.
Република Србија Républika Srbija | |
---|---|
Motto: Само слога Србина спасава | |
Gunagita: Bože pravde | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Beograd |
Jawatbasa | Serbia1 |
Papréntahan | Républik |
• Présidhèn | Aleksandar Vučić |
• Nayakotama | Miloš Vučević |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | n/a |
Population | |
• Pikira-kira 2017 | 7.040.272 (104) |
• Cacahjiwa - | - |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2010 |
• Gunggung | US$79,94 milyar[1] (75) |
• Saben wong | US$10.830 (74) |
Artacihna | Dinar Serbia uga euro ing Kosovo (ALL) |
Laladan wektu | UTC+1 |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+2 |
Kodhé bèl | 381 |
TLD internèt | .rs ; .srb |
Asal mulané nagara Serbia wiwit saka pratengahan abad kaping 9. Karajan Serbiya muncul ing abad kaping 11, lan ana ing abad kaping 13 owah dadi Kakaisaran Serbiya. Sawisé taun 1918, Serbiya minangka anggota perintis Yugoslawiya kanthi warna-warna jinis (Kraton Yugoslawiya, Républik Federal Sosialis Yugoslawiya lan Républik Federal Yugoslawiya).
Ana ing tanggal 21 Mèi 2006, rakyat Gununghireng nganakaké Referendum kanggo Kamardikan Gununghireng lan cacah 55,5 persèn milih Gununghireng mardhika. Sabanjuré nagara Uni iku pisah manèh dadi nagara Républik Serbiya lan Républik Gununghireng.
Tanggal 17 Fèbruari 2008 Kosowo proklamasi kamardikan saka Sèrbi, lan tanggal 18 Fèbruari 2008 diakoni déning 17 nagara.[2][3][4]
Sèrbi dumunung ing Éropa, yaiku ing ujung Balkan lan ing Dhataran Pannonian. Nagara iki pernahé dadi simpang dalan antarané Éropa Tengah, Éropa Kidul lan Éropa Wétan. Kali Danube (2850 km) mili ngliwati nagara iki ing sisih lor, dawané watara 588 km lan dadi tapel wates karo nagara Kroasia lan sapérangan saka Romania, sadawané Dhataran Wallachian ing sisih wétan. Kali Sava minangka tapel wates sisih kidul karo Provinsi Vojvodina, mili tumuju Kali Danube ing kutha Beograd, lan ngliwati pabukitan Fruška Gora ing sisih kulon. Suwidak kilomèter sisih lor-wétané Beograd, kali Tisa mili tumuju menyang kali Danube, sawisé mili adohé 1350 km saka Ukraina, lan kali Kali Timiş (60 km/350 km), kang sabagéan bisa dilayari, mili uga menyang kali Danube ing Pančevo. Kali Begej (254 km) mili tumuju menyang kali Tisa ing cedhak Titel. Kabèh saka lima kali mau bisa dilayari, ngubungaké nagara iki karo Éropa Lor lan Éropa Wétan (liwat rute Rhine-Main-Danube Canal – Sagara Lor), menyang Éropa Wétan (liwat rute Kali Tisa–, Timiş–, Kali Begej – lan Danube – Sagara Ireng) lan menyang Éropa Kidul (liwat Kali Sava).
Tapel wates sisih wétan wujud Pagunungan Carpathian, kang mujur ing Éropa Tengah. Pagunungan Carpathian ketemu Pagunungan Balkan, sadawaning ilèn Kali Velika Morava, kali kang dawané 500 km (sabagéan bisa dilayari). Pucuk Midžor minangka pucuk gunung paling dhuwur ing tlatah Serbiya Wétan, yaiku dhuwuré 2156 m. Ing kidul-wétan, Pagunungan Balkan ketemu karo Pagunungan Rhodope, ngubungaké nagara iki karo nagara Yunani.
Gunung Šar ing Kosowo dadi tapel wates karo nagara Albania, kanthi siji pucuk yaiku Djeravica (2656 m). Alpen Dinaric ing Serbiya mujur sadawané ilèn Kali Drina (350 km bisa dilayari kapal cilik) adhep-adhepan karo pucuk Dinaric ing sebrangé pasisir ing Bosnia-Herzegovina.
Serbiya duwé 5 taman nasional:
Présidhèn Serbiya saiki yaiku Boris Tadić, pamimpin parté Dhémokrat Serbiya (DS). Boris Tadić menangaké 53% swara ing puteran kapindho sajeroning pilihan umum tanggal 27 Juni 2004. Serbiya nganakaké referendum ing tanggal 28-29 Oktober 2006 kanggo ratifikasi konstitusi anyar paska Milošević. Tanggal 8 Mèi 2007, Tomislav Nikolić kapilih dadi Ketua Parlemèn Serbiya.[5] Sawisé négosisasi ing menit-menit pungkasan atara parté Dhémokrat Serbiya lan parté DSS wusanané disetujoni papréntahan anyar ing tanggal 11 Mèi 2007 antara DS, DSS lan G17 Plus.[6] Bab iki ndadèkaké munduré Nikolić rong dina sawisé iku ing tanggal 13 Mèi 2007. Nikolic digantèkaké déning Oliver Dulić.
Serbiya dipérang dadi 29 dhitrik lan siji kutha yaiku Beograd. Dhistrik lan kutha mau banjur dipérang manèh sajeroning sawatara munisipal. Serbiya nduwé siji provinsi otonom yaiku Vojvodina (7 dhistrik, 46 munisipal). Sadurungé mardika Kosowo uga wujud provinsi otonom ing Serbiya. Pérangan sing dumunung antarané provinsi Vojvodina dan tilas provinsi Kosowo mau sing diarani Serbiya tengah. Serbiya tengah iku dudu sawijining laladan administratif lan ora duwé papréntahan dhéwé. Sajeroning Basa Inggris tlatah iki dijuluki Serbiya proper kanggo nuduhaké "péranganing Républik Serbiya sing ora kalebu provinsi otonom kaya mau sajeroning Kapustakan Konggrès Amérika Sarékat.[7] Jejuluk iki uga dipigunakaké ing Basa Serbo-Kroasia ing jamané Yugoslawiya (kanthi istilah "uža Srbija", sing tegesé: "Serbiya ciut").
Serbia (ora kalebu Kosowo) ing 2002 | ||||
---|---|---|---|---|
Sèrbiyan | 82.86% | |||
Honggariyan | 3.91% | |||
Bosniakan | 1.82% | |||
Ruman | 1.44% | |||
Yugoslawan | 1.08% | |||
liya-liya | 9.79% | |||
Padunung Serbiya mayoritas saka suku Serbiya (Serbiyan). Golongan minoritas kang wigati antarané: Albaniyan (mayoritas ing Kosowo), Hungariyan, Bosniakan, Ruman, Kroasiyan, Ceskan lan Slowakan, Gununghirengan, Makedoniyan, Bulgariyan, Rumaniyan, lsp. Loro prowinsi yaiku Wojwodina lan Kosowo, kanthi suku lan agama pancèn béda.
Miturut sensus resmi pungkasan[8] data taun 2002, komposisi suku Serbiya:
Kutha wigati (sing ndunungi punjul 50,000 jiwa ing laladan kutha) — data sensus taun 2002 (data taun 2005/2006 kanggo Nowi Sad/Belgrad[9]).
Kutha | Populasi | |
---|---|---|
Urban | Metropolitan | |
Bélgrad | 1,304,219 | 1,689,667 |
Nowi Sad | 255,071 | 333,895 |
Nis | 236,722 | 252,131 |
Kraguyewac | 147,473 | 211,580 |
Subotitsa | 99,471 | 147,758 |
Jrenyanin | 79,545 | 131,509 |
Leskowac | 78,030 | 156,252 |
Smédéréwo | 77,808 | 109,867 |
Pancéwo | 77,087 | 127,162 |
Krušéwac | 75,256 | 131,368 |
Cacak | 73,217 | 117,012 |
Ujitsé | 63,577 | 83,022 |
Walyéwo | 61,035 | 96,761 |
Kralyéwo | 57,411 | 121,707 |
Sabac | 55,240 | 122,893 |
Weranyé | 55,052 | 87,288 |
Nowi Pasar | 54,604 | 85,249 |
Sombor | 51,471 | 97,263 |
Serbiya (ora kalebu Kosowo) ing taun 2002 | ||||
---|---|---|---|---|
agama | persèn | |||
Ortodoksi Wetanan | 84.1% | |||
Katulik Roma | 6.24% | |||
Islam | 4.82% | |||
Krésten Protèstan | 1.44% | |||
Ma'abad-abad tlatah Serbiya dadi tapel wates agama anatara Ortodok lan Katulik Roma, banjur mlebuné agama Islam, Serbiya dadi nagara kang dumadi saka manéka warna penganut agama ing bawana Éropa.
Kaum muslim ing Serbiya dumadi saka sawatara komunitas yaiku:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.