From Wikipedia, the free encyclopedia
Révolusi Indhustri iku owah-owahan tèknologi, sosioékonomi, lan budaya ing pungkasan abad kaping 18 lan awal abad kaping 19 kang dumadi kanthi panggantian ékonomi kang dhedhasar pamakarya dadi didhominasi déning indhustri lan diprodhuksi mesin. Révolusi iki diwiwiti ing Inggris kanthi pangenalan mesin uwab (migunakaké batu bara minangka bahan bakar) lan ditenagani déning mesin (mligi ing prodhuksi tèkstil). Ngrembakaning paralatan mesin logam-kasluruhan ing rong dhékade sepisanan saka abad kaping 19 nggawé prodhuk mesin prodhuksi kang dipigunaaké ing indhustri liyané.
Mula bukané Révolusi Indhustri ora cetha nanging T.S. Ashton nulisaké kira-kira taun 1760-1830. Ora ana titik pamisah karo Révolusi Indhustri II ing kiwa-tengené taun 1850, nalika kamajon tèknologi lan ékonomi olèh momèntum kanthi perkembangan kapal tenaga-uwab, ril, lan banjur ing pungkasan abd mau perkembangan mesin obong njero lan perkembangan pambangkit tenaga listrik.
Èfèk budayané nyebar ing saindhenging Éropah Kulon lan Amérika Lor, banjur mangaruhi saindhenging donya. Èfèk saka owah-owahan iki ing masarakat gedhé banget lan asring dibandhingaké karo révolusi kabudayan ing mangsa Neolitikum nalika tetanèn wiwit dilakokaké lan mbentuk peradaban, nggantèkaké kauripan nomadik.
Istilah "Révolusi Indhustri" ditepungaké déning Friedrich Engels lan Louis-Auguste Blanqui ing tengahing abad kaping 19.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.