jinisé roti From Wikipedia, the free encyclopedia
Roti canai inggih punika salah satunggaling jinis roti gèpèng (flatbread) ingkang kenging pangaribawa saking India. Roti punika taksih kathah kapanggihaken wonten ing Indonesia lan ugi wonten ing Malaysia. Roti punika saged kapanggihaken wonten ing gerai ing Malaysia utawi wonten ing griya dhahar Aceh wonten ing Indonesia. Wonten ing Singapura, roti kados punika dipunsebat kaliyan roti prata. Wujudipun lan ugi bahanipun ingkang mèmper kaliyan kerala porotta. Roti punika gèpèng sanget amargi dipundamel kanthi cara dipunubengaken ngantos adonanipun dados tipis sanget lajeng dipuntekuk lan pungkasan dipunpanggang kanthi ngginakaken lisah. Kejawi punika saged ugi kanthi damel adonan ingkang saèstu tipis sanget wonten ing saknginggilipun papan panggangan.
Wonten ing Indonesia, roti canai punika dipuncawisaken kaliyan kari menda utawi domba.
Roti inggih punika tembung wonten ing Basa Urdu, Melayu, lan Indonesia kanggé tembung bread wonten ing Basa Inggris. Wondéné canai punika nedahaken nama kutha Chennai wonten ing India, masakan Channa wonten ing India, utawi tembung canai ingkang ateges adonan ingkang dipun-gulung wonten ing Basa Melayu.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Roti Canai. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.