From Wikipedia, the free encyclopedia
Robert Burns ya iku penyair saka Sekotlan.[1] Dhèwèké lair ana Alloway, Sekotlan, tanggal 25 Januari 1759.[1][2] Wong tuwané, William Burnes lan Agnes Broun, ya iku tani nanging péngin anaké éntuk pawiyatan kang becik.[1][2] Dhèwèké banjur sregep maca.[2] Pakaryane Alexander Pope, Henry Mackenzie, lan Laurence Sterne nuwuhaké insprirasine.[2] Handsome Nell kanggo Nellie Kilpatrick ya iku lagu sepisanan sing dhewekne gawé.[2] Dhèwèké uga sinau basa Prancis lan Alkitab.[1] Dhèwèké maca lan ngugemi cerita-cerita lan lagu tradhisional saka ibune lan Betty Davidson.[1]
Kerja fisik abot ana perternakan kulawargané nalika enom ngunggahake kasenengane marang geguritan, alam, ombèn-ombèn, lan wedhokan kang dadi karaktere saumur uripé.[2] Dhèwèké mbojo karo Jean Amour, nanging banjur pisahan.[2] Burns émigrasi menyang Hindia Kulon karo kekasihe Mary Campbell (geguritané Higland Mary).[2] Dhèwèké omah-omah ana Sekotlan sawisé sedane Mary lan suksese terbitan kumpulan geguritané.[2] Umur 27 taun, dhèwèké kondhang nganti njaban nagara kanthi geguritané To A Louse, To A Mouse, lan The Cotter's Saturday Night.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.