![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/23/Gleise_y_normal_stahlschwellen.jpg/640px-Gleise_y_normal_stahlschwellen.jpg&w=640&q=50)
Ril sepur
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ril digunakaké ing jalur sepur. Ril ngarahaké utawa mandhu sepur tanpa merlokaké pangendhalèn. Ril wujud rong batang ril kaku kang padha dawané dipasang ing bantalan minangka dhasar landhesan. Ril-ril mau ditalèni ing bantalan kanthi migunakaké paku ril, sekrup panambat, utawa penambat e (kaya panambat Pandrol).
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/23/Gleise_y_normal_stahlschwellen.jpg/640px-Gleise_y_normal_stahlschwellen.jpg)
Jinis panambat kang digunakaké gumantung marang jinis bantalan kang digunakaké. Puku ulir utawa paku panambat digunakaké ing bantalan kayu, sanajan penambat e minangka bantalan beton utawa semèn.
Ril lumrahé dipasang ing sandhuwuré badan dalan kang dilapis mawa watu kricak utawa ditepungi minangka balast. Balast duwé fungsi ing ril sepur kanggo ngredhem getaran lan lenturan ril akibat boboté seput. Kanggo nyebrang kreteg, digunakaké bantalan kayu kang luwih élastis tinimbang bantalan beton.