Retina
pérangan mripat kang ngowahi cahya dadi sinyal ing saraf / From Wikipedia, the free encyclopedia
Retina iku selapis tipis sèl kang dumunung ing pérangan mburi bola mata vertebrata lan cephalopoda. Retina minangka pérangan mata kang ngowahi cahya dadi sinyal syaraf.
Retina duwé sèl fotoreseptor ("rods" lan "cones") kang nampa cahya. Sinyal kang diasilaké sabanjuré ngalami prosès rumit kang diayahi déning neuron retina kang liya, lan diowahi dadi potensi aksi ing sèl ganglion retina. Retina ora mung ndhetèksi cahya, nanging uga mainaké peran wigati sajeroning persepsi visual. Ing tahap embrio, retina lan syaraf optik tumuwuh minangka péranganing perkembangan njaba utek.
Struktur unik pambuluh getih ing retina wis kanggo idhèntifikasi biometrik.