Radèn Patah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Radèn Patah utawa Chen Jin Wen utawa Panembahan Tan Jin Bun iku putra pasangan Brawijaya V karo putri saka Cinten. Uga ana sing nyebut yèn Radèn Patah iku putra pasangan Brawijaya V karo Putri Anarawati (putri saka karajan Champa sing nganut agama Islam).Radèn Fatah kagolong tokoh ulama kapisan kang madegake karajan demak kang dipandegani déning walisanga kang ngayahi lan nderekake paperangan ing karajan Demak kang kapisanan uga pangendeg karajan.Kanthi sinengkelan Geni Mati Siniram Janmi kang tumuju ing taun saka 1403 utawa taun 1481 M karajan Demak dumadeg.Karajan Islam kapisanan ing jawa ngandeg kanthi pangestu lan gegayutan ing para walisanga kanthi irah-irah sakpungkasané ambruké Karajan Majapahit.Ing lajune jaman kang pungkasan, Demak ndadèkaké puser agama Islam lan pangetahuan lan perdangangan kang misuwur.
Artikel iki butuh cathetan sikil kanggo pamesthèn. Sampéyan kena mbiyantu ndandani artikel iki kanthi nambahaké cathetan sikil saka rujukan sing pinercaya. Pérangan sing tanpa rujukan bisa dibusak sawayah-wayah. |