pulo ing Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Pulo Komodo minangka pulo ingkang dados habitat aslinipun komodo mapan ing Nusa Tenggara. Pulo punika gadhah Taman Nasional Komodo ingkang dipunkelola déning pamaréntah kanggé ngrembakakaken kéwan komodo kala wau. Miturut letak administratif, pulo punika mlebet ing tlatah Kacamatan Komodo, Kabupatèn Manggarai Barat, Provinsi Nusa Tenggara Barat, Indonesia. Pulo Komodo punika mapan ing pojok kilén Provinsi Nusa Tenggara Timur, ingkang winatesan kaliyan Provinsi Nusa Tenggara Barat. Kéwan Komodo saged ngrembaka kanthi saé ing pulo punika. Ngantos wulan Agutus 2009, wonten udakawis 1300 komodo ing pulo punika. Pulo komodo ugi nyimpen manéka warni tuwuhan kados ta kayu sepang lan pohon nitak ini utawi sterculia oblongata.
Pulo Komodo ugi dipuntampi minangka Situs Warisan Dunia UNESCO, amargi mlebet wonten wewengkon Taman Nasional Komodo, kaliyan Pulo Rinca, Pulo Padar lan Gili Motang. Kajawi punika, pulo Komodo ugi dados kandidat tujuh keajaiban donya. Lan akiripun saged kapilih dados New 7 Wonders of Nature rikala dinten Rebo, 16 Mèi 2012
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.