![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/1f/Prussia_%2528political_map_before_1905%2529.jpg/640px-Prussia_%2528political_map_before_1905%2529.jpg&w=640&q=50)
Prusia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prusia (basa Jerman: Preußen, basa Latin: Borussia, Prussia utawa Prutenia; basa Polen Prusy; basa Ruslan: Пруссия) asalé iku jeneng siji laladan ing Éropa Wétan ing sapinggiré Laut Baltik ing endi siji bangsa Baltik sing isih duwé kerabat karo wong Litowen lan wong Lètlan tau manggon. Wong-wong mau nuturaké basa Prusia Kuna minangka basa ibuné nganti basa iki cures nalika abad kaping-15. Wektu iku wong-wong mau migunakaké basa Jerman lan wis mbaur karo wong-wong Jerman.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/1f/Prussia_%28political_map_before_1905%29.jpg/640px-Prussia_%28political_map_before_1905%29.jpg)
Wewengkon Prusia saiki dipérang antara Ruslan lan Polen. Wewengkon Ruslan diarani laladan Kaliningrad (Kaliningradskaya oblast) éwadéné wewengkon Polen diarani Warmia lan Mazuria.