From Wikipedia, the free encyclopedia
Provinsi (wangun non-standar: propinsi)[1] iku jeneng siji pamérangan wewengkon administratif ing sangisoré wewengkon nasional. Tembung iki minangka tembung silihan saka basa Walanda "provincie" kang asal saka basa Latin lan pisanan dipigunakaké ing Kakaisaran Romawi. Kamungkinan tembung iki asal saka tembung "provincia", kang tegesé laladan kakuwasaan, yaiku asal saka tembung "pro" (ing ngarep) lan "vincia" (digayutaké).
Pamérangan administratif Indonésia |
---|
Tingkat Provinsi |
Tingkat Kabupatèn/Kutha |
Tingkat Kecamatan |
Tingkat Kelurahan/Désa |
Delengen uga |
Banjar • Dusun |
besut |
Sajeroning pamérangan administratif, Indonésia dumadi saka provinsi, kang dipanggedhèni déning gubernur. Saben provinsi dipérang dadi kabupatèn lan kutha. Wektu iki Indonésia dumadi saka 33 provinsi. Sadurungé taun 2000 Indonésia duwé 27 provinsi. Nanging sawisé Reformasi, akèh provinsi kang dimekaraké dadi rong pérangan kang rata-rata provinsi kanthi jembar wewengkon kang amba. Pamekaran kang diayahi dimaksudaké supaya nggayuh èfisiènsi sajeroning panerapan pamerataan pambangunan.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.