From Wikipedia, the free encyclopedia
Prasasti Amoghapasa inggih punika prasasti ingkang kaserat ing pérangan wingking stela (sandharan) patung watu ingkang dipunsebut pāduka Amoghapāśa[1] kados ingkang dipusebutaken ing prasasti Padang Roco. Nalika taun 1347, Adityawarman nambah pahatan aksara wonten ing pérangan winngking patung mau kanggé ngandharaken bilih patung punika nglambangaken piyambakipun. Prasasti punika sapunika kasimpen ing Museum Nasional Indonésia ing Jakarta kanthi nomer inventaris D.198-6469 (pérangan arca).
Patung punika minangka bebungah saking Kertanagara raja Singhasari dhateng Tribhuwanaraja raja Melayu ing Dharmasraya nalika taun 1208 Saka utawi 1286 Masehi. Wonten ing Pérangan lapik (alas) arca punika wonten manuskrip ingkang dipunsebut prasasti Padang Roco ingkang ngandharaken pamaringan bebungah arca punika.
Wonten manuskrip ingkang dipunpahat malih ing pérangan wingking patung punika, ingkang sinerat ing basa Sanskerta. Tata basa saking pahatan manuskrip punika boten kastruktur, saèngga awrat anggénipun sami nerjemahaken kanthi leres. Sapvrangan ageng wosipun minangka puji-pujian dhateng Adityawarman[2].
Saking sapérangan tèks ingkang sampun jelas, saged mbiyantu kanggé mrakirakaken maksud saking manuskrip punika. Fokus utama inggih punika babagan pangukuhan utawi pratista, saking patung Amoghapasa déning Ācārya (Pendeta Guru) Dharmaśekara saking dhawuhipun Adityawarman utawi nama ingkang sanès Ādityawarmodaya. Dipunsebutaken ugi, Adityawarman ngandharaken piyambakipun dados Maharajadiraja kanthi gelar Srīmat Srī Udayādityawarma Pratāpaparākrama Rājendra Maulimāli Warmadewa kanthi Mbangsulaken Kaanan Sadèrèngipun (Karajan Melayu) lan lajeng nyukani nama Malayapura nalika taun 1347 Masehi.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.