Pitik katé
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pitik kate (Aksara Jawa: ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦏꦠꦺ ꧈ ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ ꦏꦠꦺ ) ya iku pitik kang ukurané cilik. Pitik iki nyandang jeneng katé amarga ukurané kang luwih cilik tinimbang lumrahé pitik. Sak praliman utawa seprapat bobot pitik kang lumrahé. Ing basa inggris karan Bantam amarga saka asal usulé amarga pisanan tinemu déning para layar saka Inggris ing tlatah Banten kang nalika semana uga mau Bantam[1]. Para layar kang ngemot pitik kanggo sangu layar nemu manawa ana pitik-pitik kang duwé ukuran kang cilik. Pitik mau banjur digawa menyang nagarané lan wong-wongé padha ngingu pitik katé ing kiwa tengen omahé. Pithik katé dipilih amarga ukurané kang cilik, lan ora perlu papan kang jembar. Pitik iki uga disenengi amarga wuluné manéka warna, luwih lincah uga lucu. Pithik katè duwèni iwak kang luwih sethithik tinimbang pithik Jawa.