![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/5/52/Pidhato.jpg/640px-Pidhato.jpg&w=640&q=50)
Sesorah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana ya iku njlèntrèhaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akèh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku warna- warna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga warna- warna, ya iku: kaanan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalané. Kepriyé carané pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné. Wektu Pidhato pemicara iku digatekaké déning kabéh kang rungokaké. Kabéh kang ana ing pemicara saka klambi, rambuté, tekan carané lumaku ing podium digatekaké déning pamirengé. Kepriyé carané ngadeg uga ora luput saka pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacad déning para pemireng. Panacad iku njalari pidatoné ora kasil kanthi apik.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/5/52/Pidhato.jpg/640px-Pidhato.jpg)
1. Carané Nganggo Klambi. Klambiné kudu resik, rapi, sopan, lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng pidhato iku. Carané nganggo penganggon utawa klambi kudu bener., upamané: peciné ora miring, dasiné anggoné nalekaké wis bener. Jinisé klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé, yèn pemirengé nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yèn pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2. Carané Ngadeg ing Podium. Sadurungé diwènéhi wektu déning wong kang macakaké pranata adicara, beciké pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwé kejut. Anggoné lumaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé. Sadurungé ngomong, ambegan lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah. Anggoné ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderaké awak ing podium.
3. Carané Nggocèki Mikrofon. Mikrofon kang ana standaré ora perlu digocèki bola- bali amarga bisa muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora ana standaré digocèki kanthi lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ing panggung. Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.
4. Carané Pidhato. Carané pidhato iku ana papat, ya iku: maca naskah, ngapalaké, spontanitas, lan njlèntrèhaké utawa njabaraké kerangka pikiran.
Nulis Pidhato Babagan pidatho wis dipratelakaké secetha- cethané ing ngarep. Sadurungé gawé naskah utawa teks pidhato, amrih beciké gawé cengkorongané iku kaya ing ngisor iki.
- Uluk salam/ salam pembuka
- Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
- Surasane basa/ isiné pidhato
- Ringkesan isi pidhato
- Salam panutup