![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/ee/Fasansl%25C3%25A4ktet%252C_Nordisk_familjebok.jpg/640px-Fasansl%25C3%25A4ktet%252C_Nordisk_familjebok.jpg&w=640&q=50)
Phasianidae
From Wikipedia, the free encyclopedia
Phasianidae iku suku unggas lemah kang ngambah pitik alas, pitik alas hias, manuk gemak, sempidan, kuau, kuau-kerdhil, lan merak.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Genera ...
Phasianidae | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Galliformes |
Famili: | Phasianidae Horsfield, 1821 |
Genera | |
pirsani tèks |
Tutup
Manuk-manuk sajeroning suku iki akèh ngentèkaké wektuné ing lumahing lemah. Manuk-manuk iku duwé manéka ukuran, nanging lumrahé duwé swiwi kang cendhak. Sapérangan gedhé manuk lanang duwé jalu ing sikilé lan ukurané luwih gedhé tinimbang kang wadon. Manuk lanang kang ukurané luwih gedhé uga racaké duwé wulu-wulu rerenggan kang manéka warna.
Pakan manuk-manuk Phasianidae lumrahé iku manéka wiji-wijian, gegremet lan woh buni.
Phasianidae iku suku manuk kanthi sapérangan marga utawa genera.