![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/22/Nicolaas_Pieneman_-_The_Submission_of_Prince_Dipo_Negoro_to_General_De_Kock.jpg/640px-Nicolaas_Pieneman_-_The_Submission_of_Prince_Dipo_Negoro_to_General_De_Kock.jpg&w=640&q=50)
Perang Dipanegara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Dipanagara (Basa Inggris:The Java War, Basa Walanda: De Java Oorlog), iku perang gedhé lan suwé, ya iku sajeroning limang taun (1825-1830) kang kadadéan ing Jawa, Hindia Walanda (saiki Indonésia), antara wadyabala panjajah Walanda ing sangisoré pimpinan Jendral De Kock[7] nglawan kang ndunungi pribumi kang dibawahi pangeran Yogyakarta kang asmané Pangeran Diponegoro. Sajeroning perang iki wis akèh banget kang dadi kurban, wujud jiwa lan bandha. Dhokumèn-dhokumèn Walanda kang dikutip para ahli sajarah, nyebutaké yèn watara 200.000 jiwa rakyat kang dadi kurban. Sawetara iku ing pihak saradhadhu Walanda, kurban tewas cacahé 8.000.
Perang Diponegara | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
![]() Sunggingan Prastawa nalika Pangéran Dipanegara dicekel déning Nicolaas Pieneman | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
![]() | Tentara kang nyengkuyung Pangéran DiponegaraTentara Cina | ||||||
Pangarep | |||||||
Jendral De Kock | Pangéran Diponegara | ||||||
Kakuwatan | |||||||
50.000 | 100.000 | ||||||
Kurban | |||||||
Tentara Éropa: ~8.000 Tentara Jawa: 7.000[2] | 20.000 ninggal nalika perang[3] | ||||||
Tentara lan padunung: 200.000 kurban jiwa [2][4][5][6] |
Perang Diponegoro minangka salah siji pertempuran gedhé dhéwé kang naté dialami déning Walanda sajeroning njajah Nusantara. Peperangan iki nglibataké kabèh tlatah Jawa, mula banjur karan Perang Jawa.