parté pulitik ing Indhonésiya From Wikipedia, the free encyclopedia
Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDI-Perjuangan) ya iku salah sijiné parté pulitik ing Indonésia. Lairé PDI-P ana gandhèng-cenengé karo kadadéan 27 Juli 1996. Anané peristiwa kuwi ndadèkaké Megawati Soekarnoputri kasuwur ing jagat pulitik nasional. Sadurungé kadadéan iku Megawati kacathet minangka Ketuwa Umum Partai Demokrasi Indonesia lan anggota Komisi I DPR. Sawisé kadadéan iku, asmané nuli kawentar ing Indonesia.[1]
Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan | |
---|---|
Chairman | Megawati Soekarnoputri |
Secretary-General | Hasto Kristiyanto |
Ketua fraksi di DPR | Olly Dondokambey |
Founded | 1999;10 Januari 1973 (pendirian PDI, dianggap sebagai penerus) |
Headquarters | Lenteng Agung, Jagakarsa, Jakarta Selatan |
Ideology | Pancasila Marhaenisme |
Kursi ing DPR (2014) | Cithakan:Infobox political party/seats |
Website | |
http://www.pdiperjuangan.or.id/ |
Sawisé alam dhemokrasi kabuka ing pamarintahe Présidhèn Habibie, kanggo nyambut Pemilu 1999, PDI-P dumadi. Ana ing Pemilu iki, PDI-P mlebu ing urutan kapisan ing DPR kanti éntuk 151 kursi. Sanajan ngono, PDI-P ora bisa ngusung Megawati dadi présidhèn, jalaran kalah swara ana ing Sidang Umum MPR 1999 saka Abdurrahman Wahid, lan jalaran kuwi, mulane Megawati mung lenggah dadi wakil présidhèn. Sawisé Abdurrahman Wahid lengser saka kalungguhan présidhèn taun 2001, PDI-P kasil ndherekake Megawati menyang kursi kepresidenan.
Ana ing Pemilu Legislatif 2004, swara PDI-P mudhun ing urutan kapindho, kanti 109 kursi. Ing Pemilu Présidhèn 2004, PDI-P nyalonke Megawati manèh minangka présidhèn, pasangane ya iku KH Hasyim Muzadi. Ing Pemilu Legislatif 2009, swara PDI-P mudhun manèh dadi urutan katelu, kanti kursi cacahé 94. Sabanjure PDI-P nggandheng Partai Gerindra ngusung Megawati Soekarnoputri lan Prabowo Subianto minangka pasangan calon présidhèn lan calon wakil présidhèn ana ing Pemilu Présidhèn 2009.
Ana ing Pemilihan Umum Legislatif 2014, PDI-P kasil nunggahke swara lan mlebu urutan kapisan, kanti swara cacahé 18.95% lan éntuk kursi 109 ing DPR. PDI-P bebarengan karo Partai NasDem, Partai Kebangkitan Bangsa, Partai Hanura, lan Partai Keadilan dan Persatuan Indonesia ana ing Pemilihan Présidhèn 2014 ngusung Gubernur DKI Jakarta Joko Widodo lan mantan Wakil Présidhèn M. Jusuf Kalla minangka pasangan calon présidhèn lan calon wakil présidhèn. Konggrès I PDI-P dianakake ing Semarang, Jawa Tengah taun 2000.
Tanggal 28 Maret 2005, Konggrès II PDI-P dianakake ing Sanur, Bali, satengahe aksi para kader sing njaluk anané reformasi ing PDI-P kanti "Gerakan Pembaruan PDI-P". Konggrès ditutup tanggal 31 Maret, rong dina luwih rikat saka sing wis dirancang, kanti kapilihe manèh Megawati Soekarnoputri kanthi aklamasi saka kurang-luwih sewu utusan PDI Perjuangan saka saindhening Indonesia minangka Ketua Umum Dewan Pimpinan Pusat PDI Perjuangan periodhe 2005-2010 lan sakperangan pengurus liyané. Sadhar anané tuntutan prosès regenerasi kepemimpinan ing sajeroning Partai, Megawati ndhapuk Pramono Anung Wibowo, politisi enom, minangka Sekretaris Jenderal. Wondene Guruh Sukarnoputra, adhine Megawati, sing sadurune arep nyalon dadi Ketua Umum, kapilih minangka Ketua Babagan Pendidikan lan Kebudayaan.
Tahun | Suara | Kursi | Peringkat |
---|---|---|---|
1999 | 35.689.073 (33,74%) | 153 (33,12%) | 1 |
2004 | 21.026.629 (18,53%) | 109 (19,82%) | 2 |
2009 | 14.600.091 (14,03%) | 95 (16,96%) | 3 |
2014 | 23.681.471 (18,95%) | 109 (19,46%) | 1 |
PDI-P olèh 95 kursi (16,96%) ing DPR saka Pemilihan Umum Anggota DPR 2009, sawisé éntuk 14.600.091 swara (14,0%). Kanti kasil iki, PDI-P mlebu urutan swara katelu ing DPR.
PDI-P éntuk 109 kursi (19,46%) ing DPR saka Pemilihan Umum Anggota DPR 2014, sawisé éntuk 23.681.471 swara (18,95%). Kanti kasil iki, PDI-P mlebu urutan swara kapisan ing DPR.[2]
Ing ngisor iki susunan pengurus PDI Perjuangan masa bakti 2015—2020 saka Konggrès IV ing Hotel Inna Grand Bali Beach, Bali, April 2015.[3].
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.