Panthéon, Roma
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pantheon ya iku sawijining yasan kang dikonstruksekake ing taun 27 SM minangka kuil kang duwé wujud bunder kan ana ing pusat kutha Roma.[1][2] Pembangunan kuil iki rampung ing mangsa pamaréntahan Kaisar Hadrian (118 SM-28 M) ing taun 126 M.[1] Hadrian yasa kuil iki kanggo sesembahan marang déwa-déwa Romawi.[2] Jeneng Pantheon asalé saka basa Yunani kang ateges Omahe Kabèh Déwa.[1] Kuil iki digunakaké minangka gréja saka taun 609 nganti 1885 banjur dadi gréja lan kanggo kuburane pahlawan nasional Italia.[1] Tokoh-tokoh misuwur kan dikubur ing kono ya iku Raja Emmanuel I lan pelukis Renaissance, Raphael.[1]