![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/39/Prinz-Eugen-von-Savoyen1.jpg/640px-Prinz-Eugen-von-Savoyen1.jpg&w=640&q=50)
Pangeran Eugene saking Savoia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pangeran Eugene saking Savoia (François Eugène; 18 Oktober 1663 – 21 April 1736), minangka salah sijining komandan militèr kang paling suksès ing sajarah Éropa modern, kang munggah ing tingkat paling dhuwur nagara ing pura kraton Wina. Lair ing Paris saka kulawarga aristokrat Wangsa Savoia, Eugene urip ing kiwa-tengené pura Raja Prancis Louis XIV saking Prancis. Adedasar fisik lan sikape kang ringkih, Pangeran wiwité disiapaké kanggo makarya ing njero gréja, nanging ing umur 19 taun panjenengané mutusaké kanggo makaryo ing babagan militèr. Ditolak déning Louis XIV kanggo kerja ing wadyabala Prancis, Eugene pindah ing Ostenrik lan pindah loyalitas menyang Wangsa Habsburg.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/41/Godfrey_Kneller_Eugen_von_Savoyen_1712.jpg/320px-Godfrey_Kneller_Eugen_von_Savoyen_1712.jpg)
Pangeran Eugene saking Savoia | |
---|---|
![]() Pangeran Eugene saking Savoia déning Jacob van Schuppen | |
Rerincèn dhiri | |
Lair | (1663-10-18)18 Oktober 1663 Hôtel de Soissons, Paris |
Pati | 21 April 1736(1736-04-21) (umur 72) Wina |
Jasa militèr | |
Kasetyan | Wangsa Habsburg |
Perang | Perang Turki Agung • Perang Zenta Perang Sembilan Tahun Perang Suksesi Spanyol • Perang Carpi • Perang Chiari • Perang Blenheim • Perang Turin • Perang Toulon • Perang Oudenarde • Pengepungan Lille • Perang Malplaquet • Perang Denain Perang Austro-Turki taun 1716–18 • Perang Petrovaradin • Perang Belgrade Perang Suksesi Polen |
Ana enem dekade, Eugene nglayani 3 Kaisar Romawi Suci: Leopold I, Joseph I, lan Charles VI. Panjenengané kang kapisan ndeleng aksi nglawan Turki ing Perang Wina nalika taun 1683 lan salanjuté Perang Turki Agung, sadurungé makarya ing Perang Sangang Taun, mèlu perang bareng karo seduluré, Adipati Savoia.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/70/StemmaFamiliaeEugeni_%28English_Version%29.png/640px-StemmaFamiliaeEugeni_%28English_Version%29.png)
Nanging, ketenaran Pangeran diamanaké kanthi kamenangan wigati nglawan Turki ing medan Perang Zenta nalika taun 1697, kang ngasilaké ketenaran ing kab Éropa. Eugene majukaké karire sasuwéné Perang Suksesi Spanyol lan panjenengané gabung karo Adipati Marlborough ngamanaké kamenangan nglawan Prancis ing medan Perang Blenheim (1704), Perang Oudenarde (1708), lan Perang Malplaquet (1709); panjenengané ngentukaké jenjang kasuksesané luwih lanjut ing perang minangka Komandan Karajan ing Italia lor, luwih-luwih ing Perang Turin (1706). nggawé rasa anyel nglawan Turki ing Perang Austro-Turki taun lan nggawé konsolidasi kanggo reputasiné kanthi kamenangan-kamenangan ing medan Perang Petrovaradin (1716), lan Pengepungan Belgrade (1717) ing Belgrade (1717).
Sasuwéné pungkasaning taun 1720 prabawa lan kauletan diplomasi Eugene wes kasil ngamanake kakuasaan Kaisar ing masalah dinastiné karo kakuasaan Bourbon; nanging ringkihe fisik lan mentalé nalika mangsa tuané nggawé panjenengané dadi kurang suksès minangka kepala komandan wadyabala ing mangsa konflik kang pungkasan, ya iku Perang Suksesi Polen. Nanging ing Ostenrik reputasi Eugene tetep ora bisa ditandingi. Sanadyan pirang-pirang opini bedha, nanging kanggo karakter ora ana pradul masalah prestasi kang gedhé: panjenenané nulung kanggo nylametaké Karajan Habsburg saka Prancis; panjenengané mecahaké kulon lan nyurung Turki, mbebasaké Éropa Tengah sawisé seabad setengah penjajahané Turki; lan panjenengané minangka salah sijining pelindung seni paling élok kang warisan bangunané bisa dideleng tekan dina iki ing Wina. Eugene tilar donya nalika turu ing griyané tanggal 21 April 1736, yuswa 72 taun.