Gandhéwa utawa gendhéwa yaiku wilahan kayu utawa pring mawa sendheng dianggo nglepasake panah/jemparing, nganggo kakuwatan elastisitas saka gandhéwa iku dhéwé.[1] Lumrahé piranti iki digunakaké kanggo bebedhag lan ana ing jaman biyèn uga dipigunakaké kanggo perang.[1] Saliyané iku piranti iki uga minangka sarana ulah raga panahan.[1] Desain ssaka panah kadayan déning kabudayan lan jaman nalika abrak iku digawé.[1] Desain panah kang paling umum kang digunakaké déning bangsa bangsa ana ing jaman dhisik yaiku kayu (racaké digunakaké déning Bangsa Inggris Kuna) lan kombinasi kayu-balung (racaké digunakaké déning Bangsa Asia Kuna).[1] Ing jaman saiki bahan kanggo gawé gandhéwa yaiku modifikasi saka bahan plastik, karbon, material sintetik utawa bahan campuran.[1] Wong kang nganggo panah dijenengi pemanah.[1]

Thumb
Tuladhané wong nganggo gandhéwa

Konstruksi

Lumrahé gandhéwa ana pérangan-pérangan kang dijenengi limb yaiku kang mlengkung, kanthi tali sendheng kang ditalèkaké ana ing pucuke.[2] Nalika tali sendheng ditarik mburi, limb banjur mlengkung, ngubah ènergi gerak tarikan saka tali busur dadi ènergi potensial pegas.[2] Gandhéwa modern (recurve) duwé pérangan siji manèh yaiku riser kang fungsine kanggo cekelan lan panggon kanggo limb utawa pérangan-pérangan liya kaya stabilizer lan visir.[2]

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.