![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/33/Serbia_Pan%25C4%258Devo.png/640px-Serbia_Pan%25C4%258Devo.png&w=640&q=50)
Pančevo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pančevo (basa Serbia: Панчево, basa Honggari: Pancsova, basa Turki: Pançova, basa Jerman: Pantschowa/Banstadt, basa Rumania: Panciova, basa Slowak: Pánčevo) iku kutha lan kuthamadya ing Serbia wétan-lor, watara 15 kilomèter saka Beograd. Wewengkon kuthamadya kang ndunungi 127.162 jiwa (2002) lan wewengkon kuthané 77.087 jiwa (2002). Wewengkon kuthamadya nyakup laladan kang jembaré 759 km²
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/33/Serbia_Pan%C4%8Devo.png/320px-Serbia_Pan%C4%8Devo.png)
Kutha iki minangka pusat administratif Distrik Banat Kidul, lan pelabuhan kutha iki minangka salah siji kang paling wigati ing sadawaning Kali Timiş kang mili cedhak kutha iki.
Watara 80% kang ndunungi Pančevo ya iku ètnis Serbia.