Paléozoikum (basa Yunani: palaio, "tuwa" lan zoion, "kéwan", tegesé "panguripan purba") yaiku era kapisan saka telung era ing eon Fanerozoikum. Era paleozoikum yaiku jaman purba kang lumaku watara 340 taun suwéné, yaiku watara 600 yuta taun utawa 230 taun kapungkur.[1] Ing jaman iki wis wiwit ana panguripan, yaiku diwiwiti kéwan cilik kang ora nduwé balung mburi, jinis iwak, amfibi, lan reptil.[2]

Thumb
Fosil Trilobita, organisme kang ngrmbaka ing jaman Paleozoikum

Pamérangan jaman

Jaman Paleozoikum dibagi dadi enem kalamangsa, kathi urut saka jaman kang tuwa dhéwé yaiku Kambrium, Ordovisium, Silur, Devon, Karbon, lan Perm. Paleozoikum diterusaké kanthi era Mesozoikum.

Kambrium

Endapan kang kawentuk ing era Kambrium akèh tinemu fosil, saéngga akèh kang bisa dingertèni babagan kaanan panguripan ing era iki. Era iki ditandhani déning anané endapan-endapan kang ngandhut jisim-jisim fosil kang wis tekan tinglat perkembangan kang dhuwur, yèn kabandhingaké karo apa kang ditemoni ing jaman Prakambrium. Kabèh isih urip kebates mung ing banyu. Mula, sisa-sisa paninggalané mung wujud jisim-jisim banyu, mligi jisim-jisim samodra. Tuladhané yaiku archaecyata lan kéwan Trilobit Olenellus.[3]

Silur

Ing jaman Silur, panyebaran kéwan luwih amba tinimbang ing jaman Kambrium. Akè golongan kéwan anyar ing jaman iki. Sing wigati antarané yaiku Vertebrata, kéwan kang nduwé balung mburi. Graptalit yaiku ciri fosil panuduh ing jaman Silur lan minangka kumpulan utawa kalori kéwan cilik kang diarani rabdosoma.[3]

Devon

Ciri saka jaman devon iki yaiku wiwit anané tetuwuhan dharat lan kéwan-kéwan kang nduwé balung punggung. Nanging, ing sagara akèh tinemu perkembangan kang amba ing golongan-golongan kéwan kang ora nduwé balung punggung, kaya ta Amronit.[3]

Karbon

Jaman karbon ditandhani kanthi anané sawatara karbon bébas ing pérangan-pérangan donya. Karbon utawa Carbonium utawa areng ing mrabawani banget ing cuaca utawa iklim. Ing jaman Karbon iku kadadéan prastawa kawentuké pagunungan.[3]

Perm

Ciri-ciri jaman perm yaiku bilih papan lapisan kang diskor lan ana ing ndhuwuré karbon ngandhut batu bara. Ciri liya yaiku ana panyimpangan kéwan sagara saka 2 karbon fosil ing jaman Paleozoikum kang pungkasan. Ing Indonésia, paninggalan saka jaman Perm yaiku kang tinemu ing Timor ing lembah kali Noil, wesi ing Miaffo Timor barat daya kang wujud lava-lava bantal kang dikasilaké saka kagiytan vulkanik. Ing Sumatera, paninggalan jaman iki wujud gamping lan lenga, koalium, lempeng keramik, wesi, lan batu bara.[3]

Cathetan suku

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.