![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/26/COVID-19_Outbreak_World_Map.svg/langjv-640px-COVID-19_Outbreak_World_Map.svg.png&w=640&q=50)
Pageblug Covid-19
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pageblug koronavirus 2019-2020, utawa uga dikenal minangka pageblug COVID-19, ya iku kadadèyan nulare lelara koronavirus 2019 (basa Inggrisé: coronavirus disease 2019, dicekak COVID-19), kang disebabaké déning severe acute respiratory syndrome coronavirus 2 (SARS‑CoV‑2).[1][2] Pageblug iki kacathet kapisan ing Wuhan, Cina, ing sasi Dhésèmber taun 2019.[3] Organisasi Kaséhatan Donya (WHO) netepaké kadadéyan iki minangka pageblug ing tanggal 11 Maret 2020. [4][5] Ing sasi Mèi 2021, gunggungé kasus COVID-19 iki wus ngancik luwih teka 159 yuta, ing 222 nagara lan wewengkon, kanthi 3,3 yuta wong tiwas lan udakara 136 yuta wong mari.[6]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/26/COVID-19_Outbreak_World_Map.svg/640px-COVID-19_Outbreak_World_Map.svg.png)