From Wikipedia, the free encyclopedia
Patma raseksa (Rafflesia arnoldii) iku tetuwuhan parasit obligat kang misuwur amarga duwé kembang ukuran gedhé banget, malah dadi kembang gedhé dhéwé ing donya. Tuwuhan iki tuwuh ing jaringan tetuwuhan mrambat (liana) Tetrastigma lan ora duwé godhong saéngga ora bisa ngayahi fotosintesis. Tetuwuhan iki endemik ing Pulo Sumatra, mligi pérangan kidul (Bengkulu, Jambi, lan Sumatra Kidul). Taman Nasional Kerinci Seblat minangka laladan konservasi utama spésies iki. Jinis iki, bebarengan karo anggota génus Rafflesia liyané, kaancam statusé akibat penggundulan alas. Ing Pulo Jawa tuwuh mung siji jinis patma parasit, Rafflesia patma.
Patma raseksa | |
---|---|
Status konservasi: Terancam | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Rafflesiales |
Famili: | Rafflesiaceae |
Génus: | Rafflesia |
Spésies: | R. arnoldii |
Jeneng binomial | |
Rafflesia arnoldii R.Br. | |
Kembang minangka parasit ora duwé oyod, ora duwé godhong, lan ora ana gagangé. Diameter kembang nalika nuju mekar bisa nganti 1 mèter lan aboté watara 11 kilogram. Kembang ngisep unsur anorganik lan organik saka tuwuhan inang Tetrastigma. Siji-sijiné pérangan kang bisa sinebut "tuwuhan" ya iku jaringan kang tuwuh ing tetuwuhan mrambat Tetrastigma. Kembang duwé lima godhong makutha kang ngubengi pérangan kang katon kaya gentong. Ing dhasar kembang ana pérangan kaya piringan mawa eri, isi benang sari utawa putik gumantung marang jinis kelamin kembang, lanang utawa wadon. Kéwan panyerbuk ya iku laler kang kapilut déning gandan kembang. Kembang mung umur watara seminggu (5-7 dina) lan sawisé iku alum lan mati. Presentase pambuahan cilik banget, amarga kembang lanang lan kembang wadon arang banget bisa mekar bebarengan sajeroning seminggu.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.