![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/fd/Leech_in_water.jpg/640px-Leech_in_water.jpg&w=640&q=50)
Lintah
From Wikipedia, the free encyclopedia
'Lintah' lan pacet iku kéwan sing kagabung sajeroning filum Annelida subkelas Hirudinea, papan uripe ing dharatan, banyu tawa, lan sagara. Pambédané pacet lan lintah ora saka taksonomi, nanging saka papan uripé waé. Lintah seneng ing banyu, déné pacet ing lemah lan wit-witan. Kaya déné kerabaté, Oligochaeta, pacet duwé klitelum. Kaya déné cacing lemah, pacet uga hermaprodit (duwé kelamin dhobel). Pacet obat Éropah, Hirudo medicinalis, wis ana kawit biyèn dimupangataké kanggo ngetokaké getih (plebotomi) kanthi médhis.
Pacet | |
---|---|
![]() | |
Pacet ing sandhuwuring watu | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Annelida |
Klas: | Clitellata |
Subklas: | Hirudinea Lamarck, 1818 |
Ordo | |
Arhynchobdellida utawa Rhynchobdellida
Ana kaorasepatakatn ngenani panglompokan Hirudinea; apa kudu wujud kelas dhéwé utawa subkelas saka Clitellata. |
Kabèh spésies pacet iku karnivora. Sapérangan wujud prédhator, éntuk pangan saka manéka jinis invertebrata kaya ta cacing, keong, utawa larva gegremet.