From Wikipedia, the free encyclopedia
Iwak pèthèk (Leiognathus equulus) ya iku iwak sagara saka Afrika Wétan tekan Fiji, sajeroning Samodra Hindia, Samodra Pasifik iring kulon. Sagara Abang lan Teluk Parsi[1]
Iwak pèthèk | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Perciformes |
Famili: | Leiognathidae |
Génus: | Leiognathus |
Spésies: | L. equulus |
Jeneng binomial | |
Leiognathus equulus (Forsskål, 1775) | |
Sanajan iwak pèthèk asalé saka sagara, nanging iwak pèthèk kalebu iwak kang caket ing kabudayan Jawa, amarga gerèh pèthèk asring dimanfangataké kanggo lawuh lan ing sesajénan, kayadéné kang kasebutaké ing Serat Centhini[2].
Iwak pèthèk bisa dicekel ing sagara kanthi migunakaké jaring rampus, cantrang lan jaring arad. Saka panalitèn, iwak pèthèk mangan fitoplankton saka kelas Bacillariophyceae minangka pakan kang pokok, mligi saka spésiès Coscinodiscus. Saliyané iku uga jinis Crustacea saka kelas Copepoda. Iwak lanang racaké kanthi ukuran 90–104 mm, déné kang wadon 75–89 mm[3].
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.