From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox lelara Osteoartritis (OA, kaloka uga minangka artritis degeneratif, lelara degeneratif sendhi), yakuwi kondisi nalika sendhi krasa nyeri akibat saka inflamasi ringan kang timbul saka anané gèsèkan pucuking balung panyusun sendhi.
Sajeroning sawijining sendhi, jaringan balung enom (basa Indonésia: balung rawan) kang biyasa ingaran kanthi jeneng ‘’kartilago’’ lumrahé nutup pucuking balung panyusun sendhi. Sawijining lapisan cuwèran kang ingaran cuwèran sinovial dumunung antarané balung-balung mau lan tumindak minangka bahan pelumas kang nyegah ujung-ujung balung mau gèsèkan lan silih ngikis antara siji lan sijiné.
Sajeroning kondisi kakurangan cuwèran sinovial lapisan kartilago kang nutup ujung balung bakal gèsèkan siji lan sijiné. Gèsèkan mau bakal agaw’e lapisan mau tansaya tipis lan wusanané bakal nimbulaké rasa nyeri.
Saben wong mesthi naté ngalami nyeri sendhi. Masarakat awam lan malahan sawatara dhokter (kanthi keliru) langsung nganggep disebabaké déning rematik utawa asem urat.Sapérangan manèh mikir akibat osteoporosis. Nanging nyatané jalaran utama nyeri sendhi (mligi kang dialami déning kang umur punjul 45 taun) yakuwi osteoartritis. Panyebab osteoartritis warna-warna. Sawetara panelitèn nuduhaké anané gayutan antara osteoarthritis karo reaksi alergi, infeksi, lan invasi fungi (mikosis). Riset liya uga nuduhaké anané faktor katurunan (genetik) kang terlibat sajeroning panurunan lelara iki. Sawetara faktor risiko dumadiné osteoartritis yakuwi:
Rasa nyeri kang diderita déning pendherita lelara iki bisa dikurangi nganggo manéka cara kaya pengomprèsan utawa panyuntikan cuwèran sinovial ing pérangan sendhi. Pangobatan tumrap pengapuran sendhi béda-béda gumantung stadiumé.
terapi non obat antarané:
terapi obat antarané:
Pilihan pangobatan paling apik yakuwi operasi penggantian sendhi. Operasi penggantian sendhi yakuwi operasi kang diayahi kanggo ngganti sendhi kang wis rusak nganggo prostesis.
Pencegahan osteoartritis bisa diayahi kanthi cara konsumsi makanan kang kebak gizi.Sawetara suplemen panganan uga bisa dipigunakaké kanggo nyegah lelara iki. Sawetara suplemen kang umum dipigunakaké antarané glukosamin lan kondroitin.
Glukosamin iku molekul gula amino kang biyasa ana ing kulit krustasea (ulang-ulangan), artropoda, lan dhindhing sèl cendawan. Ing Indonésia, glukosamin bisa dijupuk langsung saka suplemen panganan komersial utawa ombènan susu tersuplementasi.
Kondrotin iku suplemen panganan kang biyasa dipigunakaké bebarengan karo glukosamin. Kondroitin iku wujud senyawa rantai gula mawa cawang kang nyususun balung rawan. Ing Indonésia, kondroitin bisa dijupuk langsung saka suplemen panganan.
Cithakan:Lelara-stub
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.