From Wikipedia, the free encyclopedia
Oséanografi (camboran tembung Yunani ὠκεανός tegesé "samodra" lan γράφω tegesé "tulis"), uga ingaran oséanologi, iku cawang géografi sing nyinaoni samodra. Widya iki nglimputi manéka warna rembug kaya ta dhinamik ékosistem; dhinamik cuwèran géofisik, alun, lan arus samodra; lèmpèngan tèktonik lan géologi amparan sagara; lan fluks manéka dat-dat kimiya lan barang-barang fisik sajeroning samodra lan sakiwa-tengené. Rembung sing manéka warna iku nandhani yèn oséanografer uga nyinaoni dhisiplin liya saperlu mangertèni samodra ing donya lan mangertèni prosès-prosèsé sajeroning: astronomi, biologi, kimiya, klimatologi, géografi, géologi, hidrologi, météorologi, lan fisika. Paléoséanografi nyinaoni sujarah samodra lumantar géologiné ing kala kawuri.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.