![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f6/Amok_trey_khmer.jpg/640px-Amok_trey_khmer.jpg&w=640&q=50)
Olahan Kamboja
From Wikipedia, the free encyclopedia
Masakan Khmér (ម្ហូបកម្ពុជា, m’hop Kămpŭchéa) utawi masakan Kamboja (ម្ហូបខ្មែរ, m’hop Khmê) inggih punika masakan bangsa Khmér ing Kamboja.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f6/Amok_trey_khmer.jpg/640px-Amok_trey_khmer.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a9/Neary_Khmer%2C_2018-01-02_%28002%29.jpg/640px-Neary_Khmer%2C_2018-01-02_%28002%29.jpg)
pintén-pintén panganan khas Khmér ugi saged dipuntémui ing Vietnam amargi Kamboja lan Vietnam ing jaman kapungkur sami-sami natè dados jajahan Perancis ing Asia Tenggara. Masakan Khmer ugi dipunngaruhi masakan Cina lan masakan Perancis amargi wonten sésambétanè sajarah kaping kalih négari kasébut kaliyan Kamboja. tiyang Khmer ugi gadhah pintén-pintén panganan kari (ការី) igkang paninggalan prabawa budaya India.
Prabawa masakan Cina ingkang dipunbeta Cina perantauan tuladhané ing pinten-pinten panganan saking kwetiau (basa Khmer: kuyteav, គុយទាវ). Banh chiao inggih punika versi tiyang Khmer kanggé Bánh xèo ing masakan Vietnam. Baguette hinggih punika tilas kuliner Perancis. ing Kamboja, baguette dipunmadang kanggé sarapan kaliyan olesan pâté, sardencis ing kaleng, utawi goreng ndok. ombonen kanggé sarapan inggih punika kopi kental ditambah susu kentel legi.
Makanan pokok tiyang Kamboja inggih punika nasi.manawimi ugi populer, manawi wekdal madang, tiyang Khmer manawi namung nyertaake semangkuk sekul. Lauk wujud pinten-pinten jinis kari, sup, lan panganan tumis. ing Kamboja ditanem pinten-pinten jinis padi kalebu jinis yang menghasilkan beras ketan dan beras wangi. Ketan biasanya dijadikan panganan pungkasan utawi dipunmadhang sami kaliyan durèn.
wekdal madang,tiyang Kamboja asring madhang sekul kaliyan tiga utawa sekawan lawuh. Sup utawa samlor asring dipunsiapaken panganan manawi ing ndalu. Lawuh kanggé madhang sekul saged gadhah raos legi, asem, asin, utawa pait. lombok dipuntambahake piyambak ingkang jumbuh kaliyan kapinginane.