![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c5/Normandy_map.png/640px-Normandy_map.png&w=640&q=50)
Normandia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Normandia iku siji wewengkon géografis ing Prancis pérangan lor kang wewatesan karo Selat Inggris ing sisih lor. Pérangan Haute-Normandie kapérang saka département Seine-Maritime lan Eure, sauntara pérangan Basse-Normandie kapérang saka Orne, Calvados, lan Manche.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c5/Normandy_map.png/640px-Normandy_map.png)
Normandia dipanggoni déning 3,2 yuta wong kanthi kapadhetan 107 jiwa per km², ing sangisoré kapadhetan nasional Prancis nanging ing sapérangan kawasan, kapadhetané nganti 145. Kutha-kutha mligi ya iku Rouen, Le Havre, Caen, lan Cherbourg-Octeville.