Nicolás Maduro
From Wikipedia, the free encyclopedia
Nicolás Maduro Moros (pangucap cara Spanyol: [nikoˈlaz maˈðuɾo ˈmoɾos]; lair 23 Novèmber 1962; umur 61 taun) iku pulitisi Venezuela sing saiki dadi Présidhèn Venezuela. Sadurungé dhèwèké njabat minangka Wakil Présidhèn Venezuela lan Mantri Manca Nagara ing sangisoré Présidhèn Hugo Chavez.
Sunyata Rikat Présidhèn Venezuela, Wakil Présidhèn ...
Nicolás Maduro | |
---|---|
Présidhèn Venezuela | |
Wiwit linggih 19 April 2013 Interim: 5 Maret – 19 April 2013 | |
Wakil Présidhèn | Jorge Arreaza |
Kang sadurungé | Hugo Chávez |
Wakil Présidhèn Venezuela | |
Linggih 13 Oktober 2012 – 5 Marret 2013 | |
Présidhèn | Hugo Chávez |
Kang sadurungé | Elías Jaua |
Kang sawisé | Jorge Arreaza |
Mantri Manca Nagara | |
Linggih 9 Agustus 2006 – 15 Januari 2013 | |
Présidhèn | Hugo Chávez |
Kang sadurungé | Alí Rodríguez Araque |
Kang sawisé | Elías Jaua |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Nicolás Maduro Moros (1962-11-23) 23 Novèmber 1962 (umur 61) Caracas, Venezuela |
Parté pulitik | Pagerakan Républik Kalima (sadurungé 2007) Parté Persatuan Sosialis (2007–saiki) |
Sisihan | Cilia Flores |
Agama | Katulik |
Tandha tangan |
Tutup
Sawisé patiné Chávez tanggal 5 Marret 2013, Maduro dianggep mengku wewenang lan tanggung jawab présidhèn. Sawijining pamilihan mirunggan kang dianakaké tanggal 14 April ing taun sing padha kanggo milih présidhèn anyar, Maduro menang kanthi slisih ketat minangka calon saka Parté Persatuan Sosialis; dhèwèké kanthi resmi dilantik tanggal 19 April 2013.[1] Lawan mligi ing pamilihan ya iku Gubernur Miranda, Henrique Capriles. [2][3]