![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e6/Charles_Napier_Hemy_-_The_Fisherman_1888.jpg/640px-Charles_Napier_Hemy_-_The_Fisherman_1888.jpg&w=640&q=50)
Warigaluh
wong sing nyekel iwak lan kéwan liya saka pabanyon, utawa nglumpukaké kécé / From Wikipedia, the free encyclopedia
Warigaluh utawi indrajala utawi tiyang belahan utawi pamisaya iwak utawi juru-amek-iwak (cara Indonésia: nelayan) inggih punika istilah kanggé tiyang ingkang padintenipun misaya ulam utawi sato bangsa kerang wonten ing angga tirta.[1] Ing saindenging donya, wonten udakawis 38 yuta warigaluh dagang lan warigaluh rakyat, sarta wong tani mina.[2] Istilah punika ugi angsal ateges warigaluh wisata. Misaya ulam sampun minangka caraning pados tedhan kawit mangsa Mésolitikum.[3] Wonten ing nagari-nagari tumuwuh, kathah warigaluh ingkang ngginakaken pirantos prasaja nedya misaya ulam. Warigaluh wonten ing nagari-nagari majeng limrahipun ngginakaken pirantos lan baita ageng atèknologi majeng.
![]() |
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e6/Charles_Napier_Hemy_-_The_Fisherman_1888.jpg/640px-Charles_Napier_Hemy_-_The_Fisherman_1888.jpg)
The Fisherman (Sang Warigaluh) – déning Charles Napier Hemy, 1888
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/29/Babad_Saka_Kitab_Sutji.pdf/page47-640px-Babad_Saka_Kitab_Sutji.pdf.jpg)