![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/bb/2004supercub.jpg/640px-2004supercub.jpg&w=640&q=50)
Montor bèbèk
From Wikipedia, the free encyclopedia
Montor bèbèk yaiki jinis pit montor cilik kang duwé ragangan akèh-akèhé kagawé saka pipa wesi kang gedhé, mesin dipasang ing antarané pidakan sikil, pindhahan presnèleng ana ing sikil lan tèngki bènsin didèlèh ana ing ngisor sèdhel, lan duwé tedheng plastik ing sangisoré setang. Rodha Montor bèbèk uga duwé ukuran kaya déné lumrahé pit montor. Ciri-ciri iku mau kang mbédakaké montor bèbèk karo skuter.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/bb/2004supercub.jpg/320px-2004supercub.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/85/Honda_Supra_GTR_150_-_Jakarta_Fair_2016_-_June_21_2016.jpg/640px-Honda_Supra_GTR_150_-_Jakarta_Fair_2016_-_June_21_2016.jpg)
Ing Asia mligi ing Asia Kidul-wétan, tetumpakan iki misuwur lan paling akèh tinemu ing dalan amarga regané kang murah, gampang panganggoné lan bisa ditumpaki déning wong lanang lan wadon.
Lumrahé montor bèbèk duwé kapasitas mesin 50-150 cc, duwé kopling otomatis utawa kopling tangan lan migunakaké ranté kanggo ngobahaké rodha mburi.