From Wikipedia, the free encyclopedia
Menara Kuala Lumpur utawi wonten ing Basa Inggris punika Kuala Lumpur Tower punikas salah satunggaling menara ingkang wonten ing Papan Anggeganaya, Kuala Lumpur, Malaysia. Menara Kuala Lumpur dipunsebut ugi kanthi nama Menara Petronas awit gedung punika dados kantor perusahaan lenga Malaysia [1].Menara punika dipunbikak nalika taun 1995 kanthi inggilipun dumugi 421 mèter lan kalebet menara paling inggil nomer 6 ing donya. Menara Kuala Lumpur punika kaginakaken kanggé nglancaraken komunikasi saha kados menara-menara inggil sanèsipun, menara punika gadhah dek pengamatan utawi observation deck lan para rawuh saged mirsani kaéndahan sesawangan Kuala Lumpur.
Menara Kuala Lumpur | |
Lokasi |
Dhokumèntasi[gawé]
</Ayam> Kuala Lumpur, Malaysia |
Status | Selesai dibangun |
Dibangun |
Dhokumèntasi[gawé]
|
Panggunaan |
Dhokumèntasi[gawé]
</Ayam> Telecommunication |
Dhuwur | |
---|---|
Antena/Pucuk |
Dhokumèntasi[gawé]
</Ayam> 421 m |
Payon |
Dhokumèntasi[gawé]
</Ayam> 335 m |
Detail teknis | |
Gunggung lantai |
Dhokumèntasi[gawé]
</Ayam> 6 |
Area lantai |
Dhokumèntasi[gawé]
</Ayam> 7700 m² |
Gunggung elevator |
Dhokumèntasi[gawé]
</Ayam> 4 |
Perusahaan | |
Arsitèk |
Dhokumèntasi[gawé]
</Ayam> Kumpulan Senireka Sdn. Bhd. |
Pambangunan Menara ingkang kawéntar kanthi nama Menara KL punika kawiwitan nalika Oktober 1991 lan kapérang dados tigang tahap. Inggih punika ingkang kapisan tahap wiyaraken margi Punchak lan ekskavasi dumugi 15 Agustus 1992. tahap ingkang kaping kalih inggih punika yasa fondasi lan basement kawiwitan saking 6 Juli 1992 lan kapungkasan 15 April 1993.
Wonten ing Mèi 1993 tahap kaping tiga dipunwiwiti kanggé yasa struktur inti ya iku menara lan yasan kanggé turis. Wangunan mau karancang lan dipun-dekorasi kanthi dekorasi ingkang nggambaraken budaya Islam ing Malaysia, salah satunggaling inggih kubah wonten lobi ingkang kadhapuk saking kaca katata kados berlian kanthi wujud Muqarnas déning pengrajin Iran saking Isfahan.
Nalika 13 Dhésèmber 1994, Mahamantri Malaysia Mahathir Mohamad nglakoni Topping-Up Ceremony kanthi masang anténa lan menara mau inggilipun dumugi 421 mèter. Lajeng tanggal 1 Oktober 1996, menara punika kanthi resmi kabikak kanggé umum déning Mahathir Mohamad [2].
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.